LAKU
ati kang menep
sumeleh ing samubarang
sumarambah ing laku
kang kapisan
kapindone
karep
niyat kang luhur dumadi
saka abdi-daleme Gusti
kang amung sawiji
kaping telune
niyat madep
lumaku ing marganing Gusti
anteping ati
niyat ing kiblat
sira bakal tumeka
pusering jagad pusering Dzat
kang anglimput jasad
iku kang kaping pat
kalimane pasrah
jiwa lan raga lumeburna
sajroning wahananing Gusti
amurbeng gesang
pasrah bali
pasrah anglampahi
gesang kang langgeng
pangkoning Gusti
.
ati kang menep
sumeleh ing samubarang
sumarambah ing laku
kang kapisan
kapindone
karep
niyat kang luhur dumadi
saka abdi-daleme Gusti
kang amung sawiji
kaping telune
niyat madep
lumaku ing marganing Gusti
anteping ati
niyat ing kiblat
sira bakal tumeka
pusering jagad pusering Dzat
kang anglimput jasad
iku kang kaping pat
kalimane pasrah
jiwa lan raga lumeburna
sajroning wahananing Gusti
amurbeng gesang
pasrah bali
pasrah anglampahi
gesang kang langgeng
pangkoning Gusti
.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar